1
Nikmating donya nggodha ati,
mikat kita dimen nebih Gusti,
lan kabeh iku tan nguripi,
nging nggendeng kita mring telenging pati.
Aja randhat umareka,
sowana ing dina iki uga.
Gusti wus ngantya mring sira
lah Pangayomanmu kang tuhu setya.
2
Mara mbuwanga sengsemira,
wit iku panyidra lan pamblasar,
ninggala dosa lan duraka,
ngungsi mring Gusti sira mesthi luwar.
3
Marek mring Gusti tan suwala,
aywa kalungsèn kadaluwarsa.
Puputing nyawa tan kanyana,
mula éstokna di énggal mareka.