Kidung
KPJ 53 Kapyarsi Gusti Nimbali
I Heard The Voice Of Jesus Say
Horatius Bonar, 1846 Tradisional Inggris, 0
Tradisional Inggris, 0
Do = D 6/8 MM 40
Jml bait: 3
Style: FinalWaltz
KPJ 52KPJ 54
1
Kapyarsi Gusti nimbali, "He, wong kamomotan,
mareka lan mbukak ati nampi pangluwaran!"
Kula ngayom maring Gusti, dyan ayem sejati,
awit tansah binerkahan, sinung karaharjan.
2
Kapyarsi Gusti nimbali, "Wong ngelak, mareka,
ngombé banyu panguripan kang saka ing swarga
Kula ngungsi maring Gusti, sinunga Roh Suci.
tinuntun mrih mursid yekti, tresna mring sesami.
3
Kapyarsi Gusti nimbali, "Wong dosa, mareka,
nampanana kurban suci, rah, srira sampurna!"
Kula pasrah maring Gusti, kalis saking pati,
wah ingangkat putrèng Allah, lantaraning berkah.
 


Referensi Aransemen :
KPJ 53

Cross Reff :
KJ 144b KK 442 NR 155

Reff Style : FinalWaltz ; MM 40

Reff Chord : KPJ 53
Chord KPJ 53
KPJ 52KPJ 54