Kidung
KPJ 51 Gusti Mugi Mirsani
Jml bait: 4
KPJ 50KPJ 52
1
Gusti mugi mirsani nggen kula kesrakatan.
Kula mlajeng mring pundi, namung dhateng Pangeran.
Nyuwun tulung, dhuh Allah mugi nglanting kawula
sing sagung karibedan, dimenpulih lejara.
2
Tan wonten pangauban, sèstu namung Paduka,
etuking pitulungan tumrap tyang kang nalangsa.
Yèn kegunturan sedhih miwah nandhang sangsara.
sinten kang nglipur malih, inggih namung Paduka.
3
Gusti dados pikekah miwah bètèng kawula,
karosannya tyang lungkrah, pepadhangnya tyang wuta.
Kula apes anglentrih, Gusti maringi kiyat;
kula tyang kawlas-asih, tansah nyuwun sih-rahmat.
4
Gusti tuking kadarman, mugi mlasi mring kula.
Uwala sing momotan wah kalis ing panggodha.
Gusti tuking kraharjan kang kwasa mbirat dosa,
mugi nucèkken kula, temah gesang sembada.


Referensi Aransemen :
KPJ 51

Reff Chord : KPJ 51
Chord KPJ 51
KPJ 50KPJ 52