Kidung
KPJ 48 Gusti Angantya Sira
Jml bait: 0
KPJ 47KPJ 49
1
Gusti angantya sira, wong dosa.
Aruming swara nimbali sira.
Nyuwuna luwar lan pangapura!
Mareka, saosna atinira!
Lah mareka! Gusti angantya,
aywa adoh adoh, umareka!
Gusti anganti anti sira!
Ywa nyenyuwe, mula gya mareka!
2
Hé, wong dosa, lempar dalanira.
Nyata gampang lamun liniwatan.
Nging sira tan nduga tan uninga,
yéku tan anjog mring nagri baka.
3
Nging marga kang anjog ing kabegjan,
ciyut, angèl kalamun dènambah.
Kang mangkono datan kauningan,
mangka iku margining Yéhuwah.
Referensi Aransemen :
KPJ 48
KPJ 47KPJ 49