Kidung
KPJ 47 Dhuh Allah, Nyawa Kula Ngantos - Atos
Jml bait: 0
KPJ 46KPJ 48
1
Dhuh Allah, nyawa kula ngantos-atos Paduka
Mugi pitedah Paduka kaparingna mring kula.
Tetiyang kang mengsahi enggala sumingkir ugi,
wit Paduka pribadya sumber pitulung kawula.
2
Dhuh Allah mugi ngèngeti mring sih-palimirmanta.
wiwit rikala Yéhuwah nglubèraken aksama,
karsa ngluwari kula nebihken sagunging dosa.
Krana sih-kadarmanta, nyawa kawula rîneksa.
3
Allah Maadil Mamirah tan ngegungken bebendu.
Tiyang kesasar ing lampah tinuntun tobat sèstu.
Déné tyang lembah-manah tinuntun ing margi yekti,
awit margi puniki setya kadarmaning Gusti.


Referensi Aransemen :
KPJ 47

Reff Chord : KPJ 47
Chord KPJ 47
KPJ 46KPJ 48