Kidung
KPJ 452 Tekading Manah Kawula
James Lawson Elginburg, 1886 Johannes De Heer, 1866
Johannes De Heer, 1866
Jml bait: 4
Style: 6-8March
KPJ 451KPJ 453
1
Tékading manah kawula
tansah ndhèrèk mring Gusti,
yéku Panutan sanyata,
nggih Panebus sejati.
Reff
Margining salib ingambah,
mbangun turut mring Allah.
Mbabarken tresna sejati,
mrih jagad tentrem basuki.
2
Kula sèstu ndhèrèk Gusti
ngantos slami-laminya,
martosaken Injil Suci,
dimèn samya waluya.
Reff
3
Nulad Sang Pamarta Gusti,
sagah ngurbanken dhiri,
tan remen ing kekerasan,
nging lubèr ing katresnan.
Reff
4
Sanadyan rumpil marginya,
nging Gusti tansah nganthi.
Nadyan ribed lan sangsara,
kula tegen nglampahi.
Reff
tegen = tekun (Indonesia)
 


Referensi Aransemen :
KPJ 452

Cross Reff :
KJ 376 KK 451 NP 227

Reff Style : 6-8March ; MM 0

Reff Chord : KPJ 452
Chord KPJ 452
KPJ 451KPJ 453