Kidung
KPJ 451 Sumangga Pra Kadang
Jml bait: 0
KPJ 450KPJ 452
1
Sumangga, pra kadang, misungsung gesang,
ngayah i timbalan karyaning Pangeran.
Martosken Injilnya, pangluwar saking dosa
mring saliring bangsa, mrih samya wilujeng a
2
Tyang papa kesrakat, nyadhonga sih-rahmat.
Tyang kang kinunjara, mrih luwara sigra.
Tentrem kang sejati, binabarna sabumi.
Sagung tyang manembah, tansah rinoban barkah.
3
Injil kabar adi, sumangga, den tampi;
gya undhangna tansah sajagad sumrambah.
Tyang mblasar lampahnya, wah kang wangkot manahnya,
di enggal mratobat, pinaringan sih rahmat.
Referensi Aransemen :
KPJ 451

Cross Reff :
NR 173
KPJ 450KPJ 452