Kidung
KPJ 448 Pra Prajurite Gusti
Jml bait: 0
KPJ 447KPJ 449
1
Pra prajurit e Gusti kang samnya di nuta,
aywa padha suwala nyebar kabar adya,
ye ku kabar sih rahmat tedhak saka swarga
Kang sinungken pra umat pinurih pracaya.
Payo, maju, ja giris atimu,
marga Gusti nganthi salakumu!
Payo, maju, undhangna samangkya,
murih kang mblasar, nggetuni, mratobat agya.
2
Sajroning prang, sabukan kayekten, ja lali,
kaadilan dadia kere mitayani.
Trumpahmu cumadhanga Injiling raharja,
denundhangna warata saindhenging donya.
3
Nganggo tameng pracaya, dadia panangkis,
marang solah gelare culikaning iblis.
Pedhang roh yeku sabda, sayogya tinampi,
tetopang karahayon, yeku kang ngayomi.
Referensi Aransemen :
KPJ 448
KPJ 447KPJ 449