1
Pra abdining Gusti, padha prayitna
ing perang rohani. Ywa kongsi lena,
ngrasuka kayekten wah kaadilan,
sanadyan tumiba ing kasangsaran.
Yekti Iblis culika lan julig maeka
Di tegen ndendonga, Gusti kang ngreksa.
2
Pra putraning Allah, padha den panggah
setya dadi seksi Injiling Allah.
Nyanggemi dhawuhnya kang trus ing ati,
manteb ing pracaya tumekeng janji.
3
Pra wong kang pracaya, di tunggal sedya,
nyirik pasulayan, mbangun katresnan.
sangkul - sinangkula bot repotira,
amrih roh piala sirep dayanya.
maeka = ngakali, menipu dengan penuh muslihat