Kidung
KPJ 445 Mugi Gusti Karsa Angutus
Jml bait: 0
KPJ 444KPJ 446
1
Mugi Gusti karsa angutus utusan
kados duk kinanipun,
ingkang ngemban sabdaning Allah
lan martosken sih piwelasipun,
supados tyang salumahing bumi
sami nampia Injil ing Gusti.
2
Mugi Gusti ngutus pra abdi sembada
setya miwah taberi
nyebarken pawartos basuki
gumelar ing salumahing bumi,
supados tyang sami pitadosa,
temah ngraosken tentrem-raharja
3
Mugi Gusti madhangi manah kang peteng
wit pamengkuning dosa,
temahan pra tiyang kang wangkot
lan kang kawengku ing gugon-tuhon*
mratobata, pitados mring Gusti
klayan bingah, asmané pinuji.
gugon-tuhon = takhayul


Referensi Aransemen :
KPJ 445

Cross Reff :
KPK 90 KPKA 139

Reff Chord : KPJ 445
Chord KPJ 445
KPJ 444KPJ 446