Kidung
KPJ 443 Lamun Sira Sangsara
Jml bait: 0
KPJ 442KPJ 444
1
Lamun sira sangsara krana rèhing dosa,
yogya pasrah mring Gusti, murih dipun luwari.
Sang Kristus Maasih mring tyang kang ringkih.
Dèn énggal ngayoma dimèn tentrem ing gesangira.
2
Yèn sira kamomotan, kabotan sesanggan,
yogya ngugsi mring Gusti mesthi dènpitulungi.
3
Lamun sira siningkang, rinoban panandhang,
rumaketa Gustimu! Tamtu paring rahayu.
4
Yèn sira kasusahan miwah karupekan,
mareka mring Sang Kristus, yéku Juru Panebus.
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPS 33 KPKA 159
KPJ 442KPJ 444