1
Ing jagad kang peteng krana dosa
kathah tyang kang nggresula
Karana panandhang, samya nggresah
miwah semplah ing manah.
Sumangga, Gusti, ngagem kawula,
mrih ngengetna para kanca
sengkut makarya nglawan godha,
dadosa berkah tumrap tyang kathah
2
Angundhangna sih rahmate Gusti
kanthi setya nglampahi;
margining luwar saking sangsara,
temah samya raharja
3
Ngundhangna Injil Kratoning Swarga,
kinanthia pandonga,
mrih luwar saking kwasaning dosa,
wah gesangnya sembada