Kidung
KPJ 438 Gusti, Paduka Ngirid Lampah Kula
Jml bait: 0
KPJ 437KPJ 439
1
Gusti, Paduka ngirid lampah kula
Kula ndherek Paduka salaminya.
Kawula datan saged milih margi
Mugi sapurug kula, Gusti nganthi.
2
Paduka dedalema ing tyas kula
supados arerema lampah kula
Kula tansah sumendhe ing karsanta,
wit Paduka kang nebus gesang kula.
3
Ngambaha margi rumpil nguwatosi,
tinempuh ing prahara nggegirisi,
nging Gusti tansah ngirid lampah kula,
mesthi Paduka kanthi dhateng swarga.


Referensi Aransemen :
KPJ 438

Reff Chord : KPJ 438
Chord KPJ 438
KPJ 437KPJ 439