Kidung
KPJ 436 Gusti Nuntun Lampah Kula
Jml bait: 0
Style: LoveSong
KPJ 435KPJ 437
1
Gusti nuntun lampah kula,
saklangkung nggèn kula begja
Celak miwah tebih ugi,
kula tansah dipun kanthi
Nggih Gusti kang nganthi kula,
astanya pyambak kang ngreksa
Mila kula manut Gusti,
Juru wilujeng sejati.
2
Dadosa ing wanci siyang
punapa kesaput ratri,
tyas peteng utawi padhang,
kula tansah dipun kanthi
3
Gusti nuntun, kula pasrah
klayan nrimah ing satitah.
Sanadyan ta dugèng janji,
kula tansah dipun kanthi.


Referensi Aransemen :
KPJ 436

Cross Reff :
KJ 410 KPJ 436 KK 533

Reff Style : LoveSong ; MM 65

Reff Chord : KPJ 436
Chord KPJ 436
KPJ 435KPJ 437