1
Gustimu kepareng mundhut
papan anèng atimu
Resikana dimèn patut,
Gusti karsa lumebu!
Rungokna pangandikanya,
aja padha semaya!
Nyawisna papan mring Gusti
anèng sajroning ati!
2
Tan liya, kersané Gusti
mitulungi wong dosa;
kang wus karsa mbukak ati
dadya padalemannya.
3
Rahayu tyang kang samekta
saos papan mring Gusti;
antuk padhanging wardaya
kang tedhak saking swargi.