Kidung
KPJ 433 Gusti Mugi Nuntun Kawula
Jml bait: 0
KPJ 432KPJ 434
1
Gusti mugi nuntun kawula
amrih tansah manut Paduka
Nadyan ribed gilir gumanti,
tamtu kula kedugi nyanggi.
2
Gusti mugi nglanting kawula,
amrih sagah nahan bebaya.
Nadyan awrat kados punapa
tatag, datan semplah ing driya.
3
Gusti mugi nunggil kawula,
murih kedugi nglawan dosa;
temah kula unggul ing yuda
lan nampi makuthaning swarga
Referensi Aransemen :
KPJ 433

Cross Reff :
KPS 198
KPJ 432KPJ 434