1
Gusti dedalema
enjing sapunika ing batos
kawula lumantar Roh Paduka
Nyunarna pepadhang
ingkang nuntun lampah kula,
amrih kula kuwagang
nanggulangi panggodha
2
Gusti dedalema
enjing sapunika
ing batos kawula
lumantar Roh Paduka.
kula tinuntuna
anapak tilas Paduka
amrih datan anguja
karseng manah pribadya.
3
Gusti dedalema
enjing sapunika
ing batos kawula
lumantar Roh Paduka.
Gusti mugi dhawuh,
nedya kawula lampahi
kawula kasagedna
ndherek karsaning Gusti.