1
Bingaha, Sisaha, Gusti kula puji,
kang mranata gesang kula
Kula rinimatan klayan katresnan,
mila kula pasrah pangrehnya
Pasraha! Pasraha
ing sapangrehe
Kang Makwasa.
2
Sapinten awrating momotan kawula
godha-rencana myang sisah,
yen kawula enggal mulat Sang Putra,
manah kula entheng lan bingah.
3
Sanadyan kawula kasinungan drajat,
kaluhuran, miwah pangkat,
tebih kula saking raos gumunggung.
nging tumungkul mring Kang Maagung.