1
Begja sejati, ngabdi mring Gusti,
yeku gesang kang pangaji.
Dadya lantaran mrih karukunan,
katentreman kelampahan
Mung Sang Kristus yeku Gusti,
Panebus kula sejati
Gesang kawula, kagem asmanya
nggih martosken sih rahmatnya
2
Begja sanyata, gesang neng donya,
lelados mring Sang Pamarta.
Dipun belani, sabar ing kardi,
temah kalis ing bilahi.