1
Wonten nagri maha adya,
ye ku kraton swarga;
saliring panandhang sirna
mung tentrem raharja,
pinanggya sampurna.
Nagri niku nagrinipun Gusti,
nagri niku nagrinipun tyang pracaya
wah mursid sayekti.
2
Sajroning nagri sampurna,
tan ana antaka;
mung nunggil lan Sang Pamarta,
ing kamulyan nyata,
langgeng salamanya.
3
Wonten ing nagri maadi,
samya gesang suci;
salir kadonyan kapungkur,
mung pamuji sokur
konjuk Hyang Maluhur.