Kidung
KPJ 420 Tumengaa, Dhuh Nyawaku
Jml bait: 0
KPJ 419KPJ 421
1
Tumengaa, dhuh nyawaku,
sinengkak na tyas kula;
ingedohna saking dosa,
tinunggilna Sang Rama.
Mugi wontena mlaekat
ngangkat manah kawula,
sinanggia ing swiwinya,
cinelakna ing swarga.
2
Tumengaa dhuh atiku,
munggaha ing Golgota;
mandenga ing sinalib,
kang ngrembat dosanira.
3
Tumengaa dhuh atiku,
mumbula saking donya;
sumengkaa, sumengkaa
mring kraharjaning swarga.
Referensi Aransemen :
KPJ 420

Cross Reff :
KPK 167 KPKA 323
KPJ 419KPJ 421