Kidung
KPJ 416 Saprakara Kang Pantes
Jml bait: 0
Style: CountrySingalong
KPJ 415KPJ 417
1
Saprakara kang pantes den upadi,
yeku Kratoning Allah Sang Rama.
Samubarang pinaringken tumuli,
angger sumuyud jroning pracaya
Kabeh mung nglaha,
kabeh mung nglaha.
Sarwa kadonyan wus mesthi sirna.
Mung sihe Allah kang langgeng slamanya.
Tyang kang ngayom wus mesthi raharja
2
Drajad, kasugihan, wah kasenengan
Ginayuh kanthi margi utami.
Aywa lali kang aji lan sejati,
yeku setya wah nunggil lan Gusti.
3
Sagunging kadonyan ingkang kadarbya
iku sranane mbabarken tresna.
Yen dugeng janji tan badhe binekta,
mung gesang langgeng bandha ing swarga
Referensi Aransemen :
KPJ 416

Cross Reff :
PKJ 274 NKB 211 KPJ 390 KK 557

Reff Style : CountrySingalong ; MM 0
KPJ 415KPJ 417