1
Kula sumrep kori menga
kang anjog dhateng swarga;
yeku sihrahmate
Allah, lantaran Sang Pamarta.
Sokur dene kula niki,
nggih taksih winengan kori;
kula, kula, nggih kula sadaya
2
Angger tiyang angsal mlebet-medal ing kori niki
tiyang sugih, tiyang mlarat, tyang ageng-alit ugi
3
Mila swawi sami mlebet, mumpung taksih atalad,
sedheng kori taksih menga, nggih korining sih-rahmat.
4
Saiba piduwungipun, tiyang yen dugeng janji,
kaineban kori tobat, tan wonten kang mengani