1
Gusti Yesus Ratu Adil,
panetep panata gami
kang mengku sajagad rat.
Sagung ilat badhe nyebut,
sakathahing dhengkul sujud
mring Gustining praumat,
mring Gustining praumat.
2
Namung dening Kangjeng Gusti kita saged dados suci
kinumbah klayan rah-Nya. Gesang langgeng wus sinungken,
wah tyang dosa rinukenken (lantaran Sang Pamarta (2x))
3
Tiyang dosa kang kesrakat, tiyang sakit wah tyang mlarat,
gya samya tinimbalan. Dene sinteng kang umarek,
apitados ngarep-arep, (mesthi nggih tinulungan (2x))
4
Mila sampun ta semados, mbok inggih samnya pitados
mring Gusti Ratu kita. Pinundhia trus ing batos,
de Kang Kwasa karsa dados (Juru Pamarta kita (2x))