Kidung
KPJ 401 Duwea Swiwi Aku Gya Mabur
Jml bait: 0
KPJ 400KPJ 402
1
Duwea swiwi aku gya mabur nyang aluhur
nyang aluhur. Nggone salir prihatin wus lebur,
nyang aluhur, ngaluhur
Mabur nyang swarga kang endah mulya,
nggone pra putrane Allah samya;
tansah memuji lan suka rena; neng aluhur, ngaluhur
2
Aku mabur mring nagri kang suci, nyang aluhur, nyang aluhur.
Nggone wong tansah enggar ing ati, nyang aluhur, ngaluhur.
Nggone tan ana nandhang sangsara, tan keneng godha, tan gawe dosa
tansah mukti agirang memuja, neng aluhur, ngaluhur.
3
Kono tan ana wong pepisahan, neng aluhur, neng aluhur;
miwah kang nangis lan kasusahan, neng aluhur, ngaluhur.
Tan ana crah miwah pasulayan, kabeh mung olah tresna-tinresnan;
asih lulut dennya pitepangan, neng aluhur, ngaluhur.
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPK 165 KPKA 322
KPJ 400KPJ 402