Kidung
KPJ 399 Ayem Neng Gusti Yesus
Jml bait: 0
KPJ 398KPJ 400
1
Ayem nèng Gusti Yesus, lerem anèng swarga
Ingauban ing sihnya, iba ayemira.
Wonten swara ngumandhang, lir péndah pramukti
nèng swarga samya ngidung lan énggar ing ati
Ayem nèng Gusti Yésus lerem anèng swarga,
ingauban ing sihnya iba ayemira
2
Ayem nèng Gusti Yésus bénjing anèng swarga
Uwal saking rencana, kalis ing panggodha.
Tan sumelang, tan kwatos, tan wonten panangis
Sisah samangké namung kantun sawatawis
3
Gusti pangungsèn kula, pangruwat sejati.
Gusti parang santosa kang kula gondhèli
Ngriki kula angrantos, ngrantos klayan sabar,
ngantos puput dalunya, ndungkap dugèng pajar
Referensi Aransemen :
KPJ 399
KPJ 398KPJ 400