Kidung
KPJ 396 Siyang Dalasan Ratri
Jml bait: 0
KPJ 395KPJ 397
1
Siyang dalasan ratri silih gumanti,
tan ana kang langgeng ing bumi.
Mung sih kadarman ing Allah Kang tresna,
katresnanira mangkonoa uga
2
Nadyan kita asring nindakake dosa,
nging Gusti gung ing pangaksama,
yogya kita tan ndlarung wangkot ing ati,
nimbangi gunging sih rahmating Gusti.
3
Warsa enggak ndhatengna gunging sih rahmat,
mrih tyang dosa samnya mratobat;
yogya kita ngudi gesang mursid yekti
mbangun-turut, ajrih asih mring Gusti.
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPKA 337
KPJ 395KPJ 397