1
Kawula sestu ngakeni
kanthi tulus ing driya,
dosa kang kula lampahi
salebet ing warsi lami.
Gusti mugi angaksami,
mrih ayem ing tyas kula
2
Dhuh Gusti mugi nulungi;
wit kwasaning Roh Suci,
ing warsa enggal punika
kawula gesang sembada;
tansah mbangun-turut Gusti,
ulah tresna sejati