Kidung
KPJ 390 Gunakna Wektumu Paringe Gusti
Jml bait: 0
KPJ 389KPJ 391
1
Gunakna wektumu paringe Gusti,
wit uripmu cekak pindha kembang.
Endi barang langgeng ing donya iki,
amung katresnan ywa nganti ilang.
Barang kang ana, isining donya;
sagunging kang endah bakal musna.
Mung katresnan mu demi Sang Pamarta,
gedhe ajine tan bakal sirna.
2
Aja tan migunak ake wektumu,
lipur lan tulungen kang kesasar.
Mulyakna Gusti ana ing uripmu,
dimen lampumu tansah sumunar
3
Pakaryanmu kang demi Yesus Kristus
bakal tinampi klayan karenan.
Katresnan kang kababar kanthi tulus,
ingundhuh mbesuk aneng kaswargan
Referensi Aransemen :
KPJ 390

Cross Reff :
NKB 211 KJ 274 KK 557
KPJ 389KPJ 391