1
Welingku mring anak putu, "Di padha sregep sinau!"
Iku kang minangka srana darbe watak kang prawira.
Aja tansah mandheg mangu!
Gusti kang nuntun lakumu
2
Urip datan kanggo mangan, nging mangan kang kanggo urip.
Singkirna watak brangasan! Aluwung sinau tertib
3
Rukuna padha sadulur, tan pantes dhemen sulaya.
Ala watake wong udur; becike akeh ngalaha!