1
Nalikane cilikanku, kepati senengku;
tan nate ana pasambat, bungahku tan kendhat.
Sorene sawise sepi, ibuku memuji,
ing pandonga kang ingatur, jenengku sinebut.
Reff
Pandongane ibu anyebut jenengku;
ing pandongane ibuku tansah anyebut jenengku.
2
Aku sangsaya kelingan, jroning kasusahan,
yen urip lagi cilaka, atiku nalangsa;
sakal eling mring ibuku kang sujud manengku;
ing batinku trus keprungu, anyebut jenengku
Reff
3
Lamun atiku pribadi, iku kang dakanut,
aruming sabdane Gusti, kudune dakturut;
nalika urip sangsara, ngadhepi rubeda,
eling pandongane ibu anyebut jenengku.
Reff
4
Sawusnya ibu tan ana, wit sowan Sang Rama,
nanging dhawuhe mring aku, kang tansah dakgugu.
Mbesuk ing kana tinemu, barengan sumungku;
pamujine kang dakrungu, anyebut jenengku.
Reff