Kidung
KPJ 377 Kaleganing Atine Wong Tuwa
Jml bait: 0
KPJ 376KPJ 378
1
Kaleganing atine wong tuwa, lamun nyawang putra wayahira,
de samnya rukun manunggal budi.
Pepindhane para among tani, ndulu taneman ira samnya ngrebda,
panenan ira lir robing samodra.
Pinujia Gusti Kang Mamulya;
kang dadi sumbering berkahnya.
Pinujia Gusti Kang Mamulya;
kang dadi sumbering berkahnya.
2
Lir bakul, daganganira laris; bebathenira agung winilis;
dhasar neng pinggir ratan kang gedhe;
bakule blater, murah eseme;
kang tuku padha teka mbanyu - mili;
rewange kongsi sayah angladeni
3
Saiba bombang marem atiku; anak - putu padha sabiyantu;
yen bungah bareng padha kasukan,
lamun susah sinangga barengan.
Uripe ayem tentrem, guyun-rukun;
tan kendhat dennya ngaturke panuwun
Referensi Aransemen :
KPJ 377
KPJ 376KPJ 378