Kidung
KPJ 375 Dhuh Gusti, Pangayoman Kawula
Jml bait: 0
KPJ 374KPJ 376
1
Dhuh Gusti, pangayoman kawula.
wiwit anem kawula, dados tameng rumeksa;
wiwit wonten kandhutan, etuking sih nugraha.
sampun tinegakken ngantos sepuh kawula,
Gusti; sampun tinilar kala badan sangsaya ringkih,
dimen kawula mboten ingina sarta datan nalangsa,
krana Paduka pangayoman kawula.
2
Dhuh Gusti, pangayoman kawula,
Paduka trus pinuji, tan kendhat saben wanci
Jer pakaryan Paduka sawendah wah prayogi.
3
Dhuh Gusti, kawula dhinawuhan
wiwit alit kawula ngantos mabluking uwan,
mundhi dhawuh Paduka ngundhangken sih-katesnan
Referensi Aransemen :
KPJ 375

Cross Reff :
PKJ 248 KK 622
KPJ 374KPJ 376