Kidung
KPJ 367 Ora Et Labora
Jml bait: 0
KPJ 366KPJ 368
1
Ora et labora, ndedonga makarya,
yéku sesantining sagung tyang pracaya;
rumagang makarya, ngudi tentrem raharja.
Ora et labora, ndedonga makarya.
2
Ora et labora, ndedonga makarya,
rumagang ing karya tan kanthi pandonga,
datan migunani nggugu karsèng pribadi.
Ora et labora, ndedonga makarya.
3
Ora et labora, ndedonga makarya,
taberi ndedonga ning sepi ing karya,
mati imanira, saèstu tanpa guna.
Ora et labora, ndedonga makarya.
4
Ora et labora, ndedonga makarya,
kekalihnya bareng katindakna;
di lembah ing ati, setya nggènnya makarti.
Ora et labora, ndedonga makarya.
Referensi Aransemen :
KPJ 367

Cross Reff :
KP 101
KPJ 366KPJ 368