1
Menawa dudu Yehuwah kang ayasa omah ira,
mesthi tansah tanpa gawe pagaweaning tukange.
2
Menawa dudu Yehuwah kang ngreksa marang nagara,
para kemit tanpa gawe nggone jaga gapurane.
3
Tanpa gawe tangi turu isih esuk umun - umun,
nadyan jaga nganti bengi iku ya tan maedahi.
4
Tanpa gawe nggonmu mangan pametuning kasusahan,
yen dudu Allah Makwasa kang karsa tulung mring sira.