1
Ing satengahing bebrayan agung,
mung Pangeran pantes ginunggung Rahmat nya binabarken
warata, rumentah mring titah sadaya.
Den tansah ndedonga lan makarya,
mrih kababaring tentrem raharja.
Nggih gesang memitran wah pasedherekan,
wit tyang sadaya tresna tineresnan.
2
Nadyan béda basa séjé bangsa,
wah béda adat-budayanya,
nging saèstu punika sesami,
kang kinasihan dening Gusti.
3
Sadaya datan pantes gumunggung,
anggongasken dhiri kumlungkung;
prayogi tansah lembah ing manah,
ngrumaosi jejering titah.
.