1
Indonesia nagri endah, peparinging Yehuwah;
mila kula dongakaken, mrih raharja wah tentrem
2
Allah yeku kang ngayomi bangsa dalah negari;
ing sisah tanapi bingah, mung Pangeran sinembah
3
Kabegjan wah kaluberan mung krana sihing Gusti
bebener lan kaadilan tansah kedah denudi
4
Bangsa nagri Indonesia mugi tansah lestari,
Kalis sing salir bebaya, wit rineksa ing Gusti