Kidung
KPJ 357 Endahing Saduluran
Jml bait: 0
Style: CountryWaltz
KPJ 356KPJ 358
1
Endahing saduluran manut rehing Pangeran,
sami dene ngajeni wah mbiyantoni.
Nadyan beda agama wah beda golongannya,
tunggal rasa, pambekan, pri kamanungsan.
Kluwung pindhanya, endah ing warna,
nyawiji mbangun urip kang adya,
tentrem raharja.
2
Rukun ing pitepangan, sumanak ing rembugan;
dhemen sung pangapura, nyirik piala;
nging samya silih ngalah, mbabarken tresna tansah,
nulad ing sihe Allah mring sagung titah
3
Rukun gawe santosa, crah mung bubrah wohira;
ngestokna sabdeng Gusti, tresna sesami.
Nadyan panemu beda, nging tan samya sulaya;
olah kawicaksanan, tan nang-menangan.


Referensi Aransemen :
KPJ 357

Cross Reff :
NKB 73 KPKA 319

Reff Style : CountryWaltz ; MM 120

Reff Chord : KPJ 357
Chord KPJ 357
KPJ 356KPJ 358