Kidung
KPJ 353 Sembah Bekti Wah Puji
Jml bait: 0
KPJ 352KPJ 354
1
Sembah bekti wah puji konjuk ngarseng Gusti,
kang mberkahi grejanya, temah tansah begja.
Injil kraton ing Allah ingundhangken sumrambah.
Asmane kamulyakna dening sagung bangsa.
2
Sagung kidung kamulyan konjuk mring Pangeran
dalah pisungsung katur tandha saos sokur
wit pangrehnya nyata dhateng umat kang setya.
Asmane kamulyakna kanthi trus ing driya.
3
Salir kidung panggunggung konjuk Hyang Maagung,
kang maring pasamuwan tansah sung pitulung.
Nadyan panggodha nempah, greja panggah tan dhawah
Asmane kamulyakna salami - laminya.
Referensi Aransemen :
KPJ 353

Cross Reff :
KPS 13 KPKA 32
KPJ 352KPJ 354