Kidung
KPJ 352 Santosaning Tetunggalan
Jml bait: 0
Style: WestCoastPop
KPJ 351KPJ 353
1
Santosaning tetunggalan wit saka katresnan.
Densabar ing ati nira, sareh ing wicara.
Dipadha lan di lumadi, tan ngegungken dhiri.
Kabeh iku kang ingangkah tandha sih mring Allah.
2
Atut-rukun angesuhi, timbalan lestari
Yeku badan lan roh kita manunggal sajuga.
Kadya pangesthi sawiji kang kita darbeni;
yeku sih-rahmate Allah kang luber ing berkah.
3
Tunggal baptis, tunggal Gusti, wah tunggal pracaya,
tunggal sedya miwah kapti, yeku timbalannya.
Kabeh pikantuk nugraha sih-rahmat kang adi.
Gedhe-cilik pinta-pinta samirmaning Gusti.
Referensi Aransemen :
KPJ 352

Cross Reff :
KJ 249 NR 189 KK 600

Reff Style : WestCoastPop ; MM 0
KPJ 351KPJ 353