Kidung
KPJ 345 Nadyan Kula Amicara
Jml bait: 0
KPJ 344
1
Nadyan kula amicara ing saliring basa,
nanging sepi raos tresna kula sèstu nglaha.
Kula winulanga tresna kang sejati,
murih tansah setya nulada mring Gusti,
kasagedna tresna kanthi trusing ati
dhateng Allah miwah sesami.
2
Medhar wangsit wah wewadi, kula saged yekti;
nanging tresna tan nyarengi, datan maédahi.
3
Nadyan kula ngaken sekti, sagah ngingser ardi;
lamun tresna tan nyawiji, sèstu mitunani.
4
Nadyan kula kurban bandha, miwah jiwa-raga
nging daksiya tanpa tresna, amung damel cuwa.
Referensi Aransemen :
KPJ 345

Cross Reff :
KPKA 165 KPS 99
KPJ 344