Kidung
KPJ 340 Ing Paprentahaning Allah
Jml bait: 0
KPJ 339KPJ 341
1
Ing paprentahaning Allah,
sadaya nengsemken,
Para titah samya rukun,
nilar pasulayan;
Sumangga, gumregut makarya
kagem Gusti dados cihna,
mrih tentrem rahayu sejati
binabar aneng donya.
2
Sami dene angantosi
migatosaken liyan
supeket ing pasrawungan
bekti mring Pangeran.
3
Kadya singa lan menjangan
sami gegojegan,
mantun dennya memengsahan,
mlegung sesarengan.
4
Sami memitran saestu,
tresnanya satuhu,
wit pangrehing Hyang Makwasa
makarya lumintu.
5
Makaten kaanan donya
yen kebekan sihnya,
tan ana sedya miala
lan panggawe cidra.
6
Kadya dhasaring damodra
sinasaban toya,
wit karoban kawruh
yekti tepang Hyang Makwasa.
Referensi Aransemen :
KPJ 340

Cross Reff :
KPKA 77
KPJ 339KPJ 341