Kidung
KPJ 34 Ulukna Pamuji
Jml bait: 0
Style: Live8Beat
KPJ 33KPJ 35
1
Ulukna pamuji kanthi trusing ati,
he titah, mring Gusti Allah kang setya
lan maha mirah; wit sira rinoban berkah.
2
Saosa panuwun kanthi masmur kidung
hé sira, wong kang pracaya
mring Allah sumbering berkah;
wit sira sinung raharja.
3
Aturna panggunggung dalasan pisungsung
mring Allah, hé para umat,
kang setya paring sih-rahmat,
tan ngétang dosaning jagad.
4
Angunjukna sokur, rukun mring sedulur.
hé sagunging pasamuwan;
wit rinoban ing kabegjan
sadhéngah wayah lan papan.


Referensi Aransemen :
KPJ 34

Cross Reff :
KPS 16 KPKA 33

Reff Style : Live8Beat ; MM

Reff Chord : KPJ 34
Chord KPJ 34
KPJ 33KPJ 35