Kidung
KPJ 338 Greja Prasasat Baita
Jml bait: 0
Style: Blockbuster
KPJ 337KPJ 339
1
Greja prasasat baita neng tengah samodra,
Kristus kang dadya panutan enering lampahnya.
Nadyan tan sepi bebaya, ombak, lan prahara,
mesthi tulus kang sinedya, gisik ing sampurna,
angger tansah tan suwala mring sagung pangrehnya,
temah sembada widada, kalis sing rubeda.
Ayo disetya tulung tinulung tunggal sedya,
karya aneng Sang Pamarta ngantos salaminya.
2
Greja prasasat baita neng tengah samodra
Kristus kang dadya panutan enering lampahnya.
manuta pandoming lampah, nggih sabdaning Allah,
nyingkirana watu karang sengseming kadonyan,
mrih tan nemahi cilaka, kerem ing samodra,
temahan tan bisa dadi seksi kang sembada.
3
Greja prasasat baita neng tengah samodra
Kristus kang dadya panutan enering lampahnya.
Samangsa prahara nempuh, iman kudu kukuh,
Samangsa pedhut sumrambah, aja gampang semplah.
Nadyan ombak mbilaeni, aja cilik ati,
wit Kristus pyambak kang nganthi, mrih Greja lestari.
4
Greja prasasat baita neng tengah samodra,
Kristus kang dadya panutan enering lampahnya.
Yen tan padha tunggal ati, nemahi bilai;
baita lepas kendhali tininggal pradondi;
wit sayektine babaya neng tengah samodra,
uga king jroning baita, mula di waspada.
Referensi Aransemen :
KPJ 338

Cross Reff :
GB 273 NKB 111 PKJ 105 KK 289 KMM 77 KPKA 310

Reff Style : Blockbuster ; MM 0
KPJ 337KPJ 339