1
Sadherek kula niki kang sami ningkahan,
kula pepujek aken wonten pasamuwan.
2
Kang mugi Gusti Allah maringana idi
kang dados wilujenge nggene palaksami.
3
Pundi dununging tresna, kadhawahan berkat,
kanggenan Gusti pyambak lan urip tan peget.
4
Panjangan umurira cekapa rejeki,
tulusa sih - sinihan dumugi ing janji.