1
Rahayua salamanya panganten kang mangkya binerkahan;
apra janji gesang suci, mbangun turut lan setya mring Gusti.
Saosa sokur saben wektu,
kanthi sawutuhing uripmu;
ngabektia, leladia,
dadia seksining sihrahmatnya.
2
Rahayua salamanya panganten kang tinunggil Pangeran;
kanthi tekad lan semangat, lumadi, lumadi mring karsane Sang Rama
3
Rahayua salamanya panganten kan rukun sih-sinihan;
jroning bungah dalah susah tunggal ati mring lampah utami.