1
Punika brayat kula, brayat tentrem kang ngangeni.
Sinten dados tanggelan? namung Pangeran pribadi.
Saiba prayoginya, lamun Gusti kang rumeksa,
temah tanpa rubeda, sagotrah manggih raharja.
2
Saiba endahira, tyang-sepuh dadya tuladha,
sagunging para putra sami nulad pakartinya.
3
Nalika nandhang sisah, kula sadaya ndedunga;
kala ngraosken bingah, saos sokur kang sumengka.
4
Sagriya angudia dadya brayat kang rumantya,
ngantos dados panutan tumraping brayat sembada.