Kidung
KPJ 323 Mendahnea Rahayu Tyang Gegriya
O Selig Haus
Karl Johann Philipp Spitta, 1801 Jerman, 1700
Jerman, 1700
Do=C 2/4 MM 76
Jml bait: 2
Style: Live8Beat
KPJ 322KPJ 324
1
Mendahnea rahayu tyang gegriya
klayan tansah rumaket mring Gusti,
kang dadya mitra lan tuking basuki,
sarwi bingah prentahnya pinundhi.
Sekakapti anilingken sabdanya,
angabekti Allah klayan eklas.
Rinten dalu angluhurken asmanya,
myang sumuyud kalayan trusing tyas.
2
Mendahnea rahayu tyang semahan,
klayan nunggil tresnanya mring Gusti.
Runtang-runtung denira sih-sinihan
klayan saeka-praya lan budi.
Sadinten-dinten sami ngajeng-ajeng
idining Gusti sarwi memuji.
Ing satitah nrima klayan pitajeng
saha tresna dumugi ing janji.
 
Referensi Aransemen :
KPJ 323

Cross Reff :
KJ 318 KK 603

Reff Style : Live8Beat ; MM 76
KPJ 322KPJ 324