1
Kulawarga kang rahayu,
lamun Gusti angayomi
srana tresna kang satuhu,
tansah nuntun wah nganthi.
Reff
Matur nuwun konjuk mring Gusti,
dekarsa nuntun salaminya;
sakathahing urmat wah pamuji
tansah sumengka ing ngarsanya.
2
Aneng donya keh dalannya,
endi kang bakal ingambah.
Dalan bener mung sajuga,
yeku margining Allah
Reff
3
Kulawarga tetep panggah,
lamun Gusti kang ngayomi;
jroning susah dalah bungah,
datan pegat ngrimati.
Reff
4
Dhuh Roh Suci mugi rawuh,
angebeki tyas kawula,
amrih kula tansah tangguh
mujudaken sih-tresna
Reff