1
Kang nuntun laku utama yeku sabdaning Allah.
Wulangna mring brayat ira tan kendhat saben wayah.
Reff
Gya undhangna sabdeng Allah
babaring sih rahmatnya,
mring sagunging pra tumitah,
amrih tentrem raharja.
2
Brayat di tansah angudi nilingke sabdeng Gusti
sarta padha anindakna kanthi tulusing driya.
Reff
3
Brayat di tansah ngabekti ndedonga lan memuji;
nampa sabda saka swarga, ngabdi kanthi sembada.
Reff
4
Brayat kang manunggal budi, karem sabdaning Allah
gumregut dennya leladi sumaos mring Yehuwah.
Reff